Kamis, 21 Mei 2015

Contoh Tembang Macapat dan Artinya (lengkap)

Nama          :  Rizqi Widi Rahmadani
Kelas           :   X MIA 4
No absen   :   40

Hasil gambar untuk budaya jawa macapat

TEMBANG MACAPAT

1.     PUCUNG (dibungkus mori putih)

Bapak pucung renteng-renteng kayakalung
dawa kaya ula
 pencokane wesi miring
sing disaba si pucung mung turut kutha

Ngelmu iku, kalakone kanti laku,
lekase lawan kas,
tegese kas nyantosani,
Setya budya pangekere durhangkara

2.    MASKUMAMBANG (dalam kandungan)

Maratani mring anak putu ing wuri
den padha prayitna
ajana kang kuma wani
 mring biyung tanapi bapa

3.    GAMBUH (kecocokan)

          Aja nganti kabanjur
         barang polah kang nora jujur
         yen kabanjur sayekti kojur tan becik
         becik ngupayaa iku
         pitutur ingkang sayektos

        Sekar gambuh ping catur
       kang cinatur polah kang kalantur
       tanpa tutur katula tula katali
       kadaluwarsa kapatuh
        katutuh pan dadi awon

4.    KINANTHI (tuntunan)

Sing kuwat gelem tetulung
 gelem linanting sing ringkih
 kuwat ringkih nunggal tekad
  mlarat sugih wus sawiji         
   sadaya tumuju marang
   masyarakat makmur adil

Mider ingrat angelangut
Lelana njajah negari
Mubeng tepining Samodra
Sumengka Angraning wukir
Anelasak wanawasa
Tumurun Ing jurang tebis

5.    MEGATRUH (kematian)

sapa sing jujur bakale urip makmur
 yen nakal bakale rugi
 awak lemu dadi kuru
 rasane ing tembe mburi
 urip penak kaya kobong

Apan Ratu kinarya wakil Hyang Agung,
marentahaken hukum adil,
pramila wajib den emut,
sapa tan anut ing Gusti,
mring parentahe Sang Katong



6.    MIJIL (lahir)

        Ayo kanca padha ngati-ati
kudu tansah alon
           anggone nata pergaulane
 supaya urip slamet lan becik
 bisa migunani
  marang bapak ibu

Duksamana durung ana listrik
Nganggo lampu teplok
Padhang mbulan tur akeh kancane
Tetembangan njoget genti-genti
Majune di gilir
Surak rame gupyuk

7.    DURMA (dermawan)

Siji pitu siji sanga papat lima
 Nuju Agustus sasi
 Wiwitan mardika
  Kabeh rakyat samekta
  Maju perang tandhing
   Nggawa geranggang
    Epring lincip pucuke

Bener luput ala becik lawan beja,
cilaka mapan saking,
ing badan priyangga,
dudu saking wong liya,
mulane den ngati-ati,
sakeh dirgama,
singgahana den eling


8.    ASMARADANA (asmara)

Aja turu sore kaki
          ana dewa nganglang jagad
 nyangking bokor kencanane
  isine donga tetulak
  sandhang kalawan pangan
  yaiku bageyanipun
   wong melek sabar narima

9.    PANGKUR (menjauhi hawa nafsu)

Jam pitu mlebu sekolah
 Kaya ngene rasane dadi murid
  Wira-wiri saben esuk
   Angudi kapinteran
   Durung uwis yen durung pikanthuk kursus
     Kursus saka pamulangan
    Yaiku kang ingsun udi

10.                      SINOM (arek muda)

Menawa kepingin mulya
 gelema rekasa disik
  sanajan rekasa lara
  nanging mesti rasa legi
   krasa ing tembe mburi
   tumindak sregep lan lugu
   dadi kunci utama
   uga kudu terus eling
    yaiku mring gusti kang maha kuasa


Zat Padat Terlarut (Total Dissolved Solids) pada Air Bersih

Halo guys apakah kamu sudah tahu apakah itu zat padat terlarut (TDS) pada air bersih atau air limbah? Yuk langsung saja kita bahas mengenai ...