Senin, 02 Desember 2013

CONTOH PIDHATO HALAL BI HALAL

Nama      : rizqi widi rahmadani
Kelas       : 9-8
No absen : 31

Pidhato halal bi halal


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

     Dhumateng panjenenganipun bapak Mubaligh, bapak K. H. nurudin ingkang kawula hormati.
Dhumateng bapak ketua RT, ketua RT  taman puspa anggaswangi lan wakil wakilipun.
Para rawuh, tamu undangan, para pinisepuh warga masyarakat taman puspa anggaswangi ingkang kawula hormati.

      Langkung rumiyin monggo kito sesarengan ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsanipun  Allah SWT, ingkang sampun paring kenikmatan saha kawilujengan dhumateng kito sedaya saenggo saget ngarwuhi halal bi halal karang taruna “puspa”.
      Ibu, bapak para rawuh  dalasan para tamu undangan ingkang kula hormati kula ngatur aken agunging panuwun ingkang tanpo upami menggah karawuhan panjenengan sami. Mugi mugi karawuhan panjenengan ing pengajab, kula sak kanca karang taruna “puspo” kerso’o hanampi sungkem saha paring pengapunten kanca kanca katar :
     
1.      Ingkang ongko sepisan sek lebetipun sesrawungan kaliyan panjenengan sedaya para sesepuh dalasan pinisepuh wargo masyarakat taman puspa mriki. Kula minangka wakil katar katha sanget kekiranganipunawit saking meniko wonten kesampatan saha wekdal ingkang sae puniko panjenengan kerso’o paring pangapunten dhumateng sedaya kanca kanca katar.

2.      Dene ingkang ongko kalih ugi sak lebetipun sesambetan saha seserawungan mbok bilih katha sanget tandang tanduk ,solah saha tingkah , saha atur ingkang mboten ngremeni dhumateng panjenengan sedaya bebasan tindak sepecak, tembung sak limah saha ulat dlerengan, ingkang sedaya kala wau ketingal punapa dene ingkang mboten terang terangan. Ingkang dipun sengaja punapa dene ingkang mboten dipun sengaja, mugi sedaya kula wau. Kula minangka wakil katar ngaturaken sugeng riyaya, MINAL AIDZIN WALFAIDZIN kula nyuwun pangapunten awit sedaya kalepatan lahir tulusing batin. Dhumateng ibu, bapak, para sesepuh khususipun wonten ing taman puspa  lumeberipun dhumateng sedaya tamu undangan lan sedaya. Ingkang rawuh wonten dalu punika.


       Ibu, bapak, para rawuh ingkang kawula hormati  Mugi gusti Allah subhanahuwata’ala paring pangapunten  dhumateng kita sedaya. Lan mugi mugi sedaya doso saha kalepatan sageto kaleur wonten ing dalu puniki amin…amin…amin ya rabbal alamin.



Wassalamualikum wr.wb




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Zat Padat Terlarut (Total Dissolved Solids) pada Air Bersih

Halo guys apakah kamu sudah tahu apakah itu zat padat terlarut (TDS) pada air bersih atau air limbah? Yuk langsung saja kita bahas mengenai ...